Kamis, 28 Februari 2013

NASKAH MC JAWA MAULID NABI (LENGKAP)



بسم الله الرحمن الرحيم
 الحمد لله رب العالمين و الصلاة والسلام على اشرف الانبياء و المرسلين سيدنا محمد وعلى اله وصحبه اجمعين
Qollallahu Ta’ala fii kitabihil karim “Laqod kaana lakum fii rosuulillaahi uswatun hasanaah, liman kaana yarjullaaha wa yaumal aakhira wa dzakarallaaha katsiiraa”
Waqola Rosulullahi SAW, “Man ahya sunnati, faqod ahabbani, wa man ahabbani kaana ma’i fil jannah”  amma ba'du.
Hadrotil muhtaromin, para alim para ‘ulama’ wabil khusus syaikhinal kirom Romo KH. Abdul Matin,SH wa ahli baitih. Pengasuh Pondok Pesantren Sunan Bejagung.
Al-Karim Ibnil Karim Shohibul Fadlilah Wal Karomah Al habib Syeh Ahmad Jamal bin Thoha Ba’agil, Pengasuh Pondok Pesantren Anwarut Taufiq, Batu – Malang.
Ingkang kawula ta’dzimi, Bapak H. Fathul Huda, Bupati Tuban. Ingkang kawula hormati ugi, Ibu Kapolsek Semanding, Bapak Danramil kecamatan Semanding, Bapak Camat Semanding, Bapak Kepala Desa Bejagung, saha  para pejabat pemerintah sahe sipil menopo TNI.
Sesepuh-pinisepuh, jama’ah pengaosan ingdalem maengeti dinten Maulid Nabi Muhammad SAW 1434 Hijriyah wonten ing Musholla Sunan Bejagung Kidul,  ingkang tansah dipun mulyaaken dening Allah SWT.
Minangka dados pambikaning atur, mangga kita nglairaken raos puji lan syukur ing ngarsaning Allah SWT, ingkang sampun paring kita pinten-pinten rahmat, taufiq hidayah saha inayahipun, saengga ing dalu punika kita saged makempal wonten ing majlis ingkang fainsya’allah kebak barokah punika saperlu anggrawuhi pengaosan ingdalem maengeti dinten Maulid Nabi Muhammad SAW 1433 Hijriyah kanthi sehat wal afiyat, boten wonten aral setunggal punapa.
Kaping kalihipun sholawat saha salam tansah kaatur onjuk dumateng Habiballah wa syafi’ul ummah, Nabiallah Muhammad SAW. “Allahummma sholli ‘ala Muhammad”. Lan mugi-mugi lumebero syaffat panjenenganipun dumateng kaluarga, shohabat saha sedaya ummatipun ingkang tansah tumindak kesaenan. Allahumma amin.
Hadirin ingkang tansah kawula hormati, keparenga kawula minangka dados pranata adicara wonten ing dalu punika badhe maosaken menggah-runtutipun acara ing dalu punika.
1.      Adicara ingkang Kaping sepindah      :  Pambuka
2.      Adicara Kaping kalih                           :  Waosan Ayat Suci Al-Qur’an
3.      Adicara Kaping Tiga                            :  Prakata Saking Panitia
4.      Adicara Kaping sekawan                     :  Sambutan-Sambutan
a.      Bapak Kepala Desa Bejagung
b.      Bapak Camat Semanding
c.       Bapak Bupati Tuban
5.      Adicara Kaping gangsal                      :  Gema Sholawat Nabi
6.      Adicara Kaping enem                                     :  Mauidlo Hasanah
a.      Romo KH. Abdul Matin, SH
Pengasuh Ponpes Sunan Bejagung
b.      Al habib Syeh Ahmad Jamal bin Thoha Ba’agil,
Pengasuh Ponpes Anwarut Taufiq, Batu – Malang
7.      Adicara kaping akhir                           :  Do’a dalah Penutup
Mekaten kala wau menggah-runtutipun adicara ing dalu punika. Sarehe wekdal sampun dalu mangga acara ing dalu punika kita bikak kanthi waosan ummul kitab.
Liridhohi ta’ala wabissyafa’ati Rosulillah SAW, Laumul Fatihah....................
Sembahing panuwun, mugi-mugi kanthi waosan surotul fatihah kala wau, adicara ing dalu punika saged kalampahan kanthi boten wonten aral setunggal punapa. Lan saged paring manfaat dumateng kita sedaya.
Niti acara selajengipun “Waosan ayat suci Al Qur’an” pramila dumateng panjenenganipun Al Ustadz                                                      kawula sumanggaken.
Sembahing panuwun dumateng panjenenganipun Al Ustadz                                                             ingkang sampun maosaken Lantunan endah Ayat Suci Al Qur’an. Mugiyo saget paring tambah lancaripun adicara ing dalu punika, saha saged dados lantaran tambahipun iman lan taqwa kita dumateng Allah SWT.
Niti acara kaping tiga Prakata saking panitia, pramila dumateng Bapak                                                      wekdal saha panggenan kawula serahaken.
----------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------
 Sembahing panuwun dumateng panjenenganipun Bapak                                                      minangka dados wakilipun panitia ingkang sampun paring sambutan.
Hadirin rohimakumullah, Dening Panitia Pengaosan ing dalu punika ngaturaken sugeng rawuh, saha sembahing panuwun dumateng panjenengan sedaya ingkang sampun purun derek anggrawuhi undangan wonten ing dalu punika.
Niti acara selajengipun, Sambutan-sambutan. Dening sambutan kaping sepindah  badhe dipun aturaken dening Bapak Kepala Desa Bejagung, pramila dumateng panjenenganipun ingkang kawula hormati  Bapak Edi yusanto dalah ingkang mewakili          kawula sumanggaaken.
-------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------
Sembahing panuwun dumateng panjenenganipun Bapak  Kepala Desa Bejagung ingkang sampun paring pitedah saha sambutan. Mugiya punapa dipun aturaken kala wau saged paring manfaat dumateng kita sedaya. Allahumma Amin.
Kalajeng Sambutan kaping kalih, saking Bapak Camat Semanding, Pramila dumateng panjenenganipun Bapak                                     dalah ingkang mewakili  kawula sumanggaaken.
Sembahing panuwun dumateng panjenenganipun Bapak                                                      ingkang sampun paring atur sambutan. Mugiya sedaya pitedah Bapak Camat kala wau saged kalaksanan saha paring manfaat dumateng kawula ugi kita sedaya. Allahumma Amin.
Niti atur sambutan selajengipun, badhe dipun aturaken dening Bapak Bupati Tuban, pramila dumateng panjenenganipun ingkang tansah kawula ta’dzimi Bapak H. Fathul Huda dalah ingkang mewakili kawula sumanggaaken.
Sembahing panuwun dumateng panjenenganipun Bapak  Bupati Tuban ingkang sampun paring pitedah saha sambutan. Mugiya punapa ingkang dipun aturaken kala wau saged paring manfaat dumateng kita sedaya, saengga saged paring tambah iman lan taqwa kita sedaya dumateng Allah SWT. Allahumma Amin.
--------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------
Kalajeng adicara kaping  gangsal, Gema sholawat nabi, ingkang dalu punika badhe kaatur dening Grup rebana Remaja Musholla Sunan Bejagung Kidul. Pramila dumateng sedherek Grup rebana Remaja Musholla Sunan Bejagung Kidul, wekdal saha panggenan kawula serahaken.
Mekaten kala wau lantunan gema sholawat nabi ingkang sampun kaatur dumateng Grup rebana Remaja Musholla Sunan Bejagung Kidul. Mugiya kanthi Gema sholawat nabi kala waun saged dados lantaran tumurunipun syafa’at Kanjeng Nabi Muhammad SAW dumateng kita sedaya. Allahumma Amin.
Kalajeng adicara inti ing dalu punika inggih Mauidlohasanah, ingkang dalu punika badhe kawekdar sabda dening Syaikhinal kirom Romo KH. Abdul Matin, SH. Pengasuh Pondok Pesantren Sunan Bejagung. Pramila ingkang tansah kawula ta’dzimi Romo KH. Abdul Matin, SH, wekdal saha panggenan kawula serahaken.
Allahumma sholli ala Muhammad.
Sembahing panuwun dumateng panjenenganipun Romo KH. Abdul Matin, SH, Pengasuh Pondok Pesantren Sunan Bejagung ingkang sampun paring pitedah dumateng kita sedaya. Mugiya punapa ingkang panjenengan aturaken kala wau saged kalampahan, saengga saged paring manfaat saha tambahipun iman lan taqwa dumateng kawula khususipun ugi kita sedaya.
Kalajeng mauidlohasanah kaping kalih ugi dipun lajengaken penutup dalah do’a, ingkang badhe kawekdar sabda dening panjenenganipun Al habib Syeh Ahmad Jamal bin Thoha Ba’agil, Pengasuh Pondok Pesantren Anwarut Taufiq, Batu – Malang.
Sepindah malih kawula minangka dados wakilipun panitia ngaturaken gunging panuwun ingkang boten kawantu-wantu dumateng karawuhan panjenengan sedaya. Ugi Kawula minangka dados pranata adicara ing dalu punika. Menawi wonten tindak-tanduk saha pangucap ingkang kirang nyeceki dumateng manah panjenengan sedaya, kawula ngaturaken gunging samudra pangaksami.
Dumateng panjenenganipun Al habib Syeh Ahmad Jamal bin Thoha Ba’agil, wekdal saha panggenan kawula serahaken. Allahumma sholli ala sayyidina Muhammad.....
Cekap semanten atur kawula,
Wallohul Muwaffiq Ila Aqwamit Thorieq
Wassalamu’alaikum Wr Wb.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar