بسم الله الرحمن الرحيم
الحمد لله رب العالمين و
الصلاة والسلام على اشرف الانبياء و المرسلين سيدنا محمد وعلى اله وصحبه اجمعين
Qollallahu
Ta’ala fii kitabihil karim “Laqod kaana lakum fii rosuulillaahi uswatun
hasanaah, liman kaana yarjullaaha wa yaumal aakhira wa dzakarallaaha katsiiraa”
Waqola
Rosulullahi SAW, “Man ahya sunnati, faqod ahabbani, wa man ahabbani kaana ma’i
fil jannah” amma ba'du.
Hadrotil
muhtaromin, para alim para ‘ulama’ wabil khusus syaikhinal kirom Romo KH. Abdul
Matin,SH wa ahli baitih. Pengasuh Pondok Pesantren Sunan Bejagung.
Al-Karim
Ibnil Karim Shohibul Fadlilah Wal Karomah Al habib Syeh Ahmad Jamal bin Thoha
Ba’agil, Pengasuh Pondok Pesantren Anwarut Taufiq, Batu – Malang.
Ingkang
kawula ta’dzimi, Bapak H. Fathul Huda, Bupati Tuban. Ingkang kawula hormati
ugi, Ibu Kapolsek Semanding, Bapak Danramil kecamatan Semanding, Bapak Camat Semanding, Bapak Kepala Desa Bejagung,
saha para pejabat pemerintah sahe sipil
menopo TNI.
Sesepuh-pinisepuh,
jama’ah pengaosan ingdalem maengeti dinten Maulid Nabi Muhammad SAW 1434 Hijriyah wonten ing
Musholla Sunan Bejagung Kidul, ingkang
tansah dipun mulyaaken dening Allah SWT.
Minangka
dados pambikaning atur, mangga kita nglairaken raos puji lan syukur ing
ngarsaning Allah SWT, ingkang sampun paring kita pinten-pinten rahmat, taufiq
hidayah saha inayahipun, saengga ing dalu punika kita saged makempal wonten ing
majlis ingkang fainsya’allah kebak barokah punika saperlu anggrawuhi pengaosan ingdalem
maengeti dinten Maulid Nabi Muhammad SAW 1433 Hijriyah kanthi sehat wal afiyat,
boten wonten aral setunggal punapa.
Kaping
kalihipun sholawat saha salam tansah kaatur onjuk dumateng Habiballah wa syafi’ul
ummah, Nabiallah Muhammad SAW. “Allahummma sholli ‘ala Muhammad”. Lan mugi-mugi
lumebero syaffat panjenenganipun dumateng kaluarga, shohabat saha sedaya
ummatipun ingkang tansah tumindak kesaenan. Allahumma amin.
Hadirin
ingkang tansah kawula hormati, keparenga kawula minangka dados pranata adicara
wonten ing dalu punika badhe maosaken menggah-runtutipun acara ing dalu punika.
1. Adicara ingkang Kaping
sepindah : Pambuka
2. Adicara Kaping
kalih : Waosan Ayat Suci Al-Qur’an
3. Adicara Kaping
Tiga : Prakata Saking Panitia
4. Adicara Kaping
sekawan : Sambutan-Sambutan
a. Bapak Kepala
Desa Bejagung
b. Bapak Camat
Semanding
c. Bapak Bupati
Tuban
5. Adicara Kaping
gangsal : Gema Sholawat Nabi
6. Adicara Kaping
enem :
Mauidlo Hasanah
a. Romo KH. Abdul
Matin, SH
Pengasuh Ponpes Sunan
Bejagung
b. Al habib Syeh
Ahmad Jamal bin Thoha Ba’agil,
Pengasuh Ponpes Anwarut
Taufiq, Batu – Malang
7. Adicara kaping
akhir : Do’a dalah Penutup
Mekaten kala
wau menggah-runtutipun adicara ing dalu punika. Sarehe wekdal sampun dalu
mangga acara ing dalu punika kita bikak kanthi waosan ummul kitab.
Liridhohi
ta’ala wabissyafa’ati Rosulillah SAW, Laumul Fatihah....................
Sembahing
panuwun, mugi-mugi kanthi waosan surotul fatihah kala wau, adicara ing dalu
punika saged kalampahan kanthi boten wonten aral setunggal punapa. Lan saged
paring manfaat dumateng kita sedaya.
Niti acara selajengipun “Waosan ayat suci Al Qur’an” pramila
dumateng panjenenganipun Al Ustadz kawula sumanggaken.
Sembahing
panuwun dumateng panjenenganipun Al Ustadz ingkang sampun maosaken Lantunan endah Ayat
Suci Al Qur’an. Mugiyo saget paring tambah lancaripun adicara ing dalu punika,
saha saged dados lantaran tambahipun iman lan taqwa kita dumateng Allah SWT.
Niti acara
kaping tiga Prakata saking panitia, pramila dumateng Bapak wekdal saha panggenan kawula serahaken.
----------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------
----------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------
Sembahing panuwun dumateng panjenenganipun
Bapak minangka dados wakilipun panitia ingkang
sampun paring sambutan.
Hadirin
rohimakumullah, Dening Panitia Pengaosan ing dalu punika ngaturaken sugeng
rawuh, saha sembahing panuwun dumateng panjenengan sedaya ingkang sampun purun
derek anggrawuhi undangan wonten ing dalu punika.
Niti acara selajengipun,
Sambutan-sambutan. Dening sambutan kaping sepindah badhe dipun aturaken dening Bapak Kepala Desa
Bejagung, pramila dumateng panjenenganipun ingkang kawula hormati Bapak Edi yusanto dalah ingkang mewakili kawula sumanggaaken.
-------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------
-------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------
Sembahing
panuwun dumateng panjenenganipun Bapak Kepala
Desa Bejagung ingkang sampun paring pitedah saha sambutan. Mugiya punapa dipun
aturaken kala wau saged paring manfaat dumateng kita sedaya. Allahumma Amin.
Kalajeng Sambutan kaping kalih, saking Bapak Camat Semanding,
Pramila dumateng panjenenganipun Bapak dalah
ingkang mewakili kawula
sumanggaaken.
Sembahing
panuwun dumateng panjenenganipun Bapak ingkang sampun paring atur sambutan. Mugiya
sedaya pitedah Bapak Camat kala wau saged kalaksanan saha paring manfaat
dumateng kawula ugi kita sedaya. Allahumma Amin.
Niti atur sambutan selajengipun, badhe dipun aturaken dening
Bapak Bupati Tuban, pramila dumateng panjenenganipun ingkang tansah kawula
ta’dzimi Bapak H. Fathul Huda dalah ingkang mewakili kawula sumanggaaken.
Sembahing
panuwun dumateng panjenenganipun Bapak
Bupati Tuban ingkang sampun paring pitedah saha sambutan. Mugiya punapa
ingkang dipun aturaken kala wau saged paring manfaat dumateng kita sedaya,
saengga saged paring tambah iman lan taqwa kita sedaya dumateng Allah SWT.
Allahumma Amin.
--------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------
--------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------
Kalajeng
adicara kaping gangsal, Gema sholawat
nabi, ingkang dalu punika badhe kaatur dening Grup rebana Remaja Musholla Sunan
Bejagung Kidul. Pramila dumateng sedherek Grup rebana Remaja Musholla Sunan
Bejagung Kidul, wekdal saha panggenan kawula serahaken.
Mekaten kala
wau lantunan gema sholawat nabi ingkang sampun kaatur dumateng Grup rebana
Remaja Musholla Sunan Bejagung Kidul. Mugiya kanthi Gema sholawat nabi kala
waun saged dados lantaran tumurunipun syafa’at Kanjeng Nabi Muhammad SAW
dumateng kita sedaya. Allahumma Amin.
Kalajeng
adicara inti ing dalu punika inggih Mauidlohasanah, ingkang dalu punika badhe
kawekdar sabda dening Syaikhinal kirom Romo KH. Abdul Matin, SH. Pengasuh
Pondok Pesantren Sunan Bejagung. Pramila ingkang tansah kawula ta’dzimi Romo
KH. Abdul Matin, SH, wekdal saha panggenan kawula serahaken.
Allahumma
sholli ala Muhammad.
Sembahing panuwun dumateng panjenenganipun Romo KH. Abdul
Matin, SH, Pengasuh Pondok Pesantren Sunan Bejagung ingkang sampun paring
pitedah dumateng kita sedaya. Mugiya punapa ingkang panjenengan aturaken kala
wau saged kalampahan, saengga saged paring manfaat saha tambahipun iman lan
taqwa dumateng kawula khususipun ugi kita sedaya.
Kalajeng
mauidlohasanah kaping kalih ugi dipun lajengaken penutup dalah do’a, ingkang badhe
kawekdar sabda dening panjenenganipun Al habib Syeh Ahmad Jamal bin Thoha
Ba’agil, Pengasuh Pondok Pesantren Anwarut Taufiq, Batu – Malang.
Sepindah
malih kawula minangka dados wakilipun panitia ngaturaken gunging panuwun
ingkang boten kawantu-wantu dumateng karawuhan panjenengan sedaya. Ugi Kawula
minangka dados pranata adicara ing dalu punika. Menawi wonten tindak-tanduk
saha pangucap ingkang kirang nyeceki dumateng manah panjenengan sedaya, kawula
ngaturaken gunging samudra pangaksami.
Dumateng
panjenenganipun Al habib Syeh Ahmad Jamal bin Thoha Ba’agil, wekdal saha
panggenan kawula serahaken. Allahumma sholli ala sayyidina Muhammad.....
Cekap
semanten atur kawula,
Wallohul
Muwaffiq Ila Aqwamit Thorieq
Wassalamu’alaikum Wr Wb.
Wassalamu’alaikum Wr Wb.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar